ini salah satu cerita retjeh nih, kok bisa kebetulan yak, saya sendiri malah lupa pernah ikutan kompetisi menulis cerita dalam bahasa Ngapak Pemalang xixixi. Kebetulan yang menjadi panitia waktu ternyata yang sekarang jadi partner kerja di warnet.
Cekidot!!!
ANTARA IPUNK KARO
PEMALANG
Jujur enyong dudu wong sing pinter cerita, tapi enyong cuma pengin
ngurangi bebane enyong.
Kenalna enyong Dwi Purwaningsih sing luwih dikenal ipung, tapi pas SMK
enyong malah diundang ipang gara-gara
enyong nulis arane ipunk dadine macane ipang. Enyong saiki kerja nang Jogja
dadi Staff Administrasi Perusahaan Swasta.
Enyong
kue anake kading pernikahan Maryoto karo Ngatinah. Enyong duwe adhi wadon,
arane Uswatul Chasanah. Enyong karo adine beda 5 tahun. Enyong beh ana sawise 5
tahun pernikahane Mama karo Bapak. Wong sing krungu arane enyong mesti ngertine
enyong anak keloro, tapi angger ditakoni enyong jawabe enyong anak ke siji sing
lahire wulan ke loro, February. Padahal enyong pancen anak keloro. Ye, Bapane
enyong sedurunge resen nikah terus duwe anak wadon 1. Ndea wong-wong sing wis ngerti ora pan takon
nang apa arane enyong Dwi, tapi kanca-kancane enyong mesti takon.
Mbiyen pas mama balik maring Weleri, enyong nang umah karo Bapa karo
adhine. Bapane enyong ajeg-ajeg ngejek enyong njemput bocah wadon terus kon
turu nang umah. Enyong ora ngerti bocah wadon kue sapa, jebulane bocah wadon
kue anake bapak.
Sawise enyong ngerti enyong sih biasa-biasa bae, enyong ora ngrasakna
apa-apa, maklum wektu kue umure enyong isih 5 taun.
Tapi pas Mama balik kading Weleri, enyong ora ngerti asale mulaine kading
ngendi ajeg-ajeg Mama karo Bapa tukaran nganti Bapa nglempar radio cilik maring
lawang kamar. Enyong wektu kue bener-bener wedi nemen. Enyong cuma meneng karo
matung ndeleng kejadian kue.
Sedurunge enyong pancen ngerti angger Bapak kue wonge galak, trus don
nganuk mendem, balike sering bengi, malah dong Bapa mendem enyong malah
ngomong,”Bapa ko mambu ciu sih”. Enyong pancen dudu kading keluarga sing
didikane religius/ priyayi angger wong
biasane ngarani.
Apet enyong weruh kejadian kue enyong ora bisa klalen nganti saiki, malah
gara-gara kue enyong dadi luwih seneng dewekan, luwih seneng nang umah
ketimbang kon dolan trus enyong dadi rada sengit karo sing arane bocah lanang,
sampe-sampe don enyong nang TPA, enyong sering nemen tukaran karo bocah lanang.
Rasa sengit kue kegawa terus nganti enyong gede. Enyong ora bisa yen
kongkon ramah karo bocah lanang.
Enyong sempet sengit, jengkel karo Bapa gara-gara kejadian kue karo
gara-gara Bapa wis
nggorohi enyong soal anake Bapa. Bapa ora pernah ngomong dhewek angger bocah
wadon kae anake. Tapi nalurine enyong sing dadi anake ora bisa angger kon
nyengit karo Bapa ne enyong dhewek,
enyong sayang karo Bapa. Tapi saiki Bapane enyong wes berubah, Bapane enyong
wes gelem sholat, wes sayang karo Mama maning.
Oia, gara-gara enyong luwih seneng nang umah enyong dadi luwih prihatin,
enyong sinau dhewek, enyong wes bisa nyetrika dhewek kadang angger dipikir
kadang nggawe rasa bangga, soale wektu kue Bapane enyong termasuk wong duwe
tapi enyong ora aleman kaya anak wong sugih sing biasane.
Apa-apa enyong nglakokna dhewek, walaupun
enyong dudu kading keluarga religius, termasuke enyong beres bisa khotmil
Qur’an pas enyong kelas 5 SD dadine pas kelas 6 enyong bisa konsen nyiapna
ujian. Malah enyong oleh peringkat loro nggo nilai ujiane. Enyong karo wong
tuwane enyong ora nyangka lo. Malah don SMP malah enyong ora nyangka bakal oleh
rangking 1, parallel maning. Ora maksud pamer lo.
Awit enyong SMP nganti saiki durung pernah sing arane pacaran. Enyong ora
ngerti rasa apa sing enyong rasa karo sahabat sekaligus sedulure enyong dhewek
sing inisiale D, tapi misale enyong temenan seneng karo kae, enyong cuma pengin
ngomong tok wis, enyong ra pengin dadi pacare kae, tapi enyong luwih seneng kae
pacaran karo sedulure enyong sing barenge enyong.
Alasane enyong ora pacaran nganti saiki ndea gara-gara enyong kebayang
terus masa lalu kae trus enyong duwe siji alasan sing laka siji pun wong sing
pernah tak wenehi ngerti, dadi kie pertama kaline enyong aweh ngerti. Alasan
yakue enyong wis
janji ora pan bakalan pacaran, enyong cuma pengin misale wong kue niat nikah ya
ta’arufan bae sebenere sih kie bukan janji biasa, soale pancen niat karena
Allah SWT.
Selama kie enyong ngerasa angger Allah kue
sayang nemen karo enyong, ya buktine awit mbiyen enyong kan
ra duwe pacar, tapi enyong egin duwe wong tuwa sing sayang karo enyong, dong
bocah liya balik sekolah pada dijemput pacare, enyong malah bapane eseh gelem
njemput, padahal tah wis
sma. Trus misale bocah liya malem minggu pada lunga karo pacare, enyong malah
bisa malam mingguna bareng keluargane enyong. Enyong bersyukur nemen duwe
keluarga sing bisa ngertini enyong seutuhe,
enyong malah wedi enyong ora bisa adoh kading wong tuwane enyong. Oia, siji
maning bukti angger Allah sayang karo enyong, enyong kan ora pingin pacaran, eh
dilalahe awit enyong SMP nganti SMA enyong duwe kesibukan dadi ora ngerasa sepi
utawa butuh kanca curhat, ya soale awit mbiyen nganti saiki yen enyong balik
sekolah enyong mesti cerita kabeh maring mamane apa-apa sing terjadi. Makane
enyong kue wedi men yen kon adoh kading wong tuwa, tapi ya nyatane saiki enyong
beh bisa tekan Jogja ya berarti enyong bisa. Kue kabeh kan gara-gara dukungan mamane karo Allah
sing sayang karo enyong.
Oia, tahun baru 2010 enyong duwe kejutan yakue enyong bisa balik maring
Pemalang, terus ketemu mas pas enyong eseh cilik nang Jakarta, namane Nur. Mas
Nur kue siji sijine wong sing akrab men karo enyong dadi pas ketemu kae enyong
seneng men, pa maning bisa mangan bareng, boncengan maning, sing mbiyen gawene
boncengan pit saiki boncengan motor. Malah mas Nur ngaweh kenang kenangan
cincin napan, ya walaupun cuma cincin biasa, tapi cincine unik soale ana gambar
nagane, trus luwih unik maning kuwe kading mas Nur, mas sing resen enyong duwe.
No comments:
Post a Comment